ILMU / KAWERUH KASUNYATANING URIP
Ajaran Kaweruh Kasunyataning URIP sejatosipun ajaran ingkang mliginipun nggayuh Kasampurnaning ngagesang ( urip ). Kasebut ugi Kaweruh nyawiji manuggaling Kawulo Gusti
( nyawiji kahanan siji = Tauchid ) inggih kaeweruh mring Urip sejati. “ sejatining Urip iku sak wuse Mati. Sopo kang oleh Nugroho biso nyata’no sing nganti ora biso opo – opo , yoiku margining kalis soko beboyo ( setan ora doyan demit ora dulit ) ”.
Milo sinten kemawon ingkang sami nunggil raos sumonggo sami den prayitnani kanthi penggalih ingkang wening, setiti, teliti, ati – ati, den waspada’aken wonten ing tataran
Ilmu ( pengertosan ) lampah Ngudi dateng kasunyataning ngagesang ( urip langgeng ).
Ing kahanan sak meniko sami kathah ingkang pinemu semu utawi benceng cuweng ing
Pemanggihipun raos anggenipun mastani Kasunyatanning Urip , yen sedoyo niku wau nunjuk’aken bilih anggenipun nyata’aken dereng kadumugen utawi taksih kandek dateng begalan ( manjonggseto / mistik ). Jalaran saking pangertosan ingkang sok manut utawi Gugon tuhon, jarene jare , anut – anutan dateng wedaran –wedaran soho tindak ingkang sok Gampil dipun yakini tanpo dipun wirid kanthi cerdas miguna’aken akal lan pikiran ngantos dumugi raos saget dipun nyata’aken ingkang sak nyatanipun sampun mboten owah gingsir.
Dados yen wedaran pangertosan meniko lepat sedoyo tumut lepat ngantos keyakinanipun tumut lepat. Ing wasono ingkang dipun panggihi mboten ingkang Sejati ( nyoto ),hananging cokrobawanipun akal ,pikir , lan angen-angen ( Mahkluk nyembah mahkluk / mistik / syiriq ).
Pramilo sumonggo sami dipun titipriksani malih kanthi prasojo anggenipun ngangsu kaweruh urip sampun sok anut Grubyuk ing pamedaran Kaweruh Kasunyataning Urip, amargi ingkang dipun wastani “ Kasunyataning Urip “ meniko sanes ukuran alam Ndonyo (Barang Anyar Katon ).
Dados ingkang dipun wastani Kasunyataning Urip meniko tegeseipun inggih Kasunyataning Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo, ingkang Wajib wontenipun kagungan Sifat sak derange lan sak sampune nggelar jagat sak isine.
Pengertosan ing inggil meniko werit sanget yen mboten dipun saranani kanthi penggalih wening lan ngantos dugi sak niki dadosaken benceng – cuenging pangertosan ingkang dereng kepareng nyata’aken ingkang satuhunipun Kasunyataning Urip.
Ing inggil sampun Kawedar bilih Ingkang dipun wastani “ Kasunyatan “ wonten ing gegebengan Ilmu Urip meniko sejatosipun Kasunyataning Dzate Pengeran Kang tan keno kinoyo ngopo, tegese : mboten Rupo , mboten warno ,mboten cahyo , mboten klepyur – klepyur, mboten pletik-pletik, mboten barang ( mripat ora weruh = peteng dedet lelimengan = ora Biso ngarani NING ONO ), mboten suworo ( kuping ora weruh = ora sworo ), mboten gondho ( irung ora weruh = ora ambu ), mboten roso ( pengroso / ilat ora weruh = ora asin/ora legi/ora pahit/ora kecut/ora getir/ora pedes/ ora anyep/ ora Lsp ), mboten kasar inggih mboten alus / lembut ( panggepok’an / kulit ora weruh ), ateges Poncodriyo mboten badhe saget nyumerepi ( nyekseni ) Kasunyataning Dzate Pengeran.
Dados yen wonten gegebengan utawi panuntun ingkang nyumerepaken ( Ma’rifataken ) dateng Kasunyataning Dzate pengeran ( URIP )tanpo miguna’aken ILMU lan Keterangan ingkang tumuju dateng Iman ( Yaqin ) ,hananging mawi sarono poncodriyo
( mripat,kuping,irung,pengroso / ilat , panggepok’an ) utawi sarono pasemeden migunak’aken Tri indriyo ( akal , pikir , karepe angen –angen ), estu meniko sanes Kaweruh Kasunyataning Urip, nanging “ Kaweruh Wuto Grayah –grayah utawi Cokrobowo /ngentho – entho ) ingkang nuwuhaken sasar – susuring pangertosan soho sasar- susuring keyakinanipun dateng Pengeran ingkang sejati.( Ngjk wan)
Amargi ing ngajeng sampun kawedar bilih Poncodriyo Mboten badhe saget anekseni
( Mboten Weruh ) Kawontenanipun Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo. Semanten ugi mawi sarono Semedi Kanthi patrap lungguh silo tangan sedakep soho noto mlebu metune ambekan madep ngetan ndamel amalan unen – unen ingkang sami dipun lampahi ing tataran kejawen ,meniko sejatinipun pemanggih ingkang nyetosipun hanamung lelaku utawi dalan anggenipun badhe ngleremaken poncodriyo soho tri indriyo nanging kanthi dipun pekso( mekso roso jati ) ,anggenipun badhe tumuju dateng NING lan NENG , inggih lampah ingkang kados meniko jalaran mboten miguna’aken landesan ilmu utawi pangertosan ingkang tumuju dateng Kasunyataning Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo. (ngjk.wan )
Dados sampun klentu ing pemanggih bilih Kaweruh Urip meniko tegesipun Ilmu / pengetahuan / pengertian ingkang sifatipun Keterangan – Keterangan ingkang Dungkap pangertosan sangkan paraning Dumadi inggih meniko Dzat, Sifat , Asmo , Apngal ( penggawe ) Kanthi dipun Nyata’aken ingkang satuhu dumugi ing raos sampun dipun keparengaken nyata’aken ngantos paham sejatining paham, weruh sejatining weruh inggih meniko ingkang kawastanan padang gumilang tanpo wewayangan = mboten wonten qijab / aling-aling ,ingkang mboten mawi sarono –sarono patrap utawi lelaku ingkang mboten adedasar Ilmunipun Pengeran.( ngjk. Wan )
Menopo malih ingkang dipun wastani Kasampurnaning Urip malah soyo nglunyit ing raos. Amargi sinten ingkang sampun kaparingan Nugroho ngambah lan mlebet ing Alam Tan Keno Kinoyo Ngopo , inggih meniko ing raos kawastanan “ MATI ING SAJERONING URIP, URIP ING SAJERONING MATI (Ora ngrumangsani = sak kersane sing kagungan kerso ) “ sedayanipun sampun mboten dipun rumaosi , kantun manut ing kersaning Dzat ingkang Moho Wenang. Inggih meniko ingkang dipun wastani Kasampurnaning Urip. Sampun ngertos lan pirso “ ING NGENDI ASALE SIRO DISIK, LAN SAIKI MANGGON NENG NGENDI , BANJUR MESTI BALI SIRNONE NENG NGENDI “ ( Ngerti lan weruh Sumber Sangkan Paraning Dumadi ).( ngjk.wan)
WEDARAN WIRID SANGKAN PARANING DUMADI
“ Assalamu’alaikum warrohmatullohi wabarrohatu “
Kanthi nyebut Asmane Dzat Hyang Moho Agung,
ING SADURUNGE ONO OPO –OPO KANG DISIK IKU ALLOH,
KANG DUMUNUNG ONO SAJERONING NUKAT GHAIB,
KANG ARAN “ QUN”, YOIKU” DZAT SEJATI”.
NUKAT tegese WIJI, GHAIB tegese SAMAR.
DADI NUKAT GHAIB IKU WIJI KANG SAMAR KASEBUT
NUR-MUHAMMAD YOIKU CAHYO PADANG GUMILANG TANPO
WEWAYANGAN KANG ARAN “SIFAT SEJATI “.
QUN BANJUR FAYAQUN, QUN TEGESE SABDANINGSUN, SABDO SEPISAN
DADI SELAWASE KANG ARAN “ ASMO SEJATI “. FAYAQUN TEGESE DADI
GUMELAR SELAWASE KANG ARAN “APNGAL SEJATI”
Dados sedoyo wedaran wirid ing inggil meniko , wirid WIWINIHING ( wijining ) DUMADI ( Sangkan Paraning Dumadi ) Utawi Sumber sangkan paraning dumadi inggih meniko ; DZAT, SIFAT, ASMO, APNGAL SEJATI.
Inggih meniko ingkang dados kunci werdining dalan tumuju dateng Iman ( yaqin ) kedah mawi sarono Ilmu utawi pengertosan / kaweruh ingkang dados panuntun saking Pengeran ingkang dipun tumurunaken dumateng poro walinipun ( utusanipun ) wiwit zaman Adam ngantos dumugi zaman sak niki mboten badhe owah gingsir, lan sak lajengipun dipun nyata’aken ingkang satuhu, mboten namung gugon tuhon saking cerito - cerito , jarene jare utawi namung anut-anutan.
Amargi sedoyo wedaran Kaweruh / Ilmu / Pangertosan Urip ingkang adedasar Kitab menopo kemawon meniko dipun tumurunaken kangge WONG KANG IJIK DIURIPI, sanes kangge WONG KANG WUS MATI ( Nilar ndonyo ) ,Dados sedoyo Kaweruh Urip meniko dipun pelajari lan dipun nyata’aken ingkang sak nyatane , nalikane Taksih Urip ing sajeroning Panguripan , jer ingkang dados pepuntoning panggayuh hanamung setunggal inggih meniko sumarah nyuwiji dateng DZATING PENGERAN nalikane taksih Maujud ing Panguripan.
**********************
WEDARAN WIRID WIJINING DUMADI;
================================
I. DZAT ( dzat ) :
Tegese Dzating pengeran kang ora katon ( mripat ora weruh =
Ora biso ngarani ) , utowo Dzat TAN KENO KINOYO OPO
( mukholafatulillhawaditsi ) nanging nglimpudi sekabehing kang
Gumelar yoiku langit Bumi sak isine lan barang – barang ing
antarane langit Bumi sak isine.
Dzating pengeran iku , hanglimputi ono ing sifat maujud.
ora njobo ora jero , ora mapan , ora jaman, ora lanang ora wadon,
Dudu wandu , ora anak ora bapak , Dudu barang , dudu Warno ,
Dudu rupo , dudu cahyo , dudu suoro , dudu gondo , ora kasar ,
ora alus , dudu roso , dudu plethik - plethik , dudu klepyur ,
ora padang , ora petheng , ora kono , ora kene , ora caket ,
ora adoh , hananging Hanglimputi Sagung Dumadi.
Dzating pengeran iku , hanglimputi ono ing sifat maujud.
ora njobo ora jero , ora mapan , ora jaman, ora lanang ora wadon,
Dudu wandu , ora anak ora bapak , Dudu barang , dudu Warno ,
Dudu rupo , dudu cahyo , dudu suoro , dudu gondo , ora kasar ,
ora alus , dudu roso , dudu plethik - plethik , dudu klepyur ,
ora padang , ora petheng , ora kono , ora kene , ora caket ,
ora adoh , hananging Hanglimputi Sagung Dumadi.
II. SIFAT :
sejatining sesebutan kang sak wise onone Dzat ,tegese ; soko
Kuwosone Dzating Pengeran , yoiku Dzat kang agawe
samubarangkalir kagungan sifat kang wajib utowo sifat iku anglimpudi
sakabehing kang Dumadi. Yen Kawedar dadi Dzat kang nitahake
sekabehing kang Gumelar Kagungan SIFAT WAJIB 20, MUHAL 20,
WENANGE 1 DIBEBER DADI 10.
III. ASMO :
Yoiku pengaran – aran soko Manungso , tegese anggone manungso
Nyebut Dzate pengeran Kang Wajib onone, jalaran manungso
Kaserenan wewenang nampik / milih bener lan luput, maksude ;
Panyebut marang Pengeran iku hamung kagowo soko panyebute awak’e
Dewe ,jalaran awak’e dewe kang biso sok muno – muni soho manungso
Duwe pamilih : yen panguwoso kang duwur dewe iku Kasebut ALLAH.
Manungso anggone nafsiri : Panguwoso / sesembahan kang ORA
KATON. Rehning Hakekate nyifati umat manungso, mulo panyebute ugo
Werno – werno miturut pengertiane lan keyaqinane dewe – dewe.
Jlentrehe : Suwiji –wijine Manungso nyebut yen Gusti Allah iku ONO,
Lan yen ASMO iku sejatining ARAN, ngarani PRIBADINE. Dene kang
Kasebut PRIBADI iku tegese jejering manungso kang Komplit kesifatan
Dzating Pengeran.
VI. APENGAL = PENGGAWE = PAKARTI :
Tegese PENGGAWE / PAKARTI, iyo penggawene Dzat Allah .
Rehning makarti , mulo sakabehane Titah kang manekowarno
( proton, netron , molekul, atom ,ion , inti atom, Lsp) wiwit mikrocosmos
sampek makrocosmos podo Kesifatan Dzate Pengeran.
Dadi kang katon Gumelar iki minongko pakartine Pengeran kang ora
bakal brubah uwah , tegese Pakartine / penggawene tetep ajeg lan
asifat TERTIB ,TOTO TENTREM , ADIL , SUCI , ORA PILIH – ASIH.
=============================================================
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
ILLAHI ANTA MAQSUDI WARIDHOKA MATLUBI WALILLAHIL ALMASRIKU
WALMAGRIBU, FA’AINAMA TUWALLU FASAMMA WA’JHULLOH
INNA ALLOHA IKU WASINGUN’ALIIMUN.
1. ILLAHI : Duh Pengeran Kulo
2. ANTA : Utawi Penjenengan
3. MAQSUDI : Inggih Puniko ingkang Kulo Sejo
4. WARIDHOKA : Lan ridho Penjenengan
5. MATLUBI : Inggih Puniko Ingkang Kulo Padosi
6. WALILLAAHIL : Lan iku tetep Kaduwe Alloh
7. ALMASRIKU : Lan Jagat wetan
8. WALMAGRIBU : Lan Jagat Kulon
9.FA’AINAMA TUWALLU : Mongko ing ndalem endi enggon madep siro
Kabeh
10. FASAMMA WA’JHULLOH : Mongko ing kono ono opo Dzate Alloh
11. INNA ALLOHA : Satuhune Gusti Alloh
12. IKU WAASINGUN : Dzat kang jembar
13. ‘ALI IMUN : Tur Dzat kang ngudaneni.
AUWALU WAAJIBIN ‘ALAL INSANI MA’RIFATULILLAHI BISTIQOONI
- Auwalu waajibin : Utawi Kawitane kang wajib
- ‘Alal insaani : Ingetane manungso
- Iku ma’rifatul illahi : Ngaweruhi Pengeran
- Bistiqooni : Kelawan Nyoto.
Endi – endi wong mu’alaf diwajib ake ngaweruhi SIFAT WAJIBE ALLOH kang okehe rong puluh ( 20 ), SIFAT MUHALE rong puluh ( 20 ) , SIFAT WENANGE siji ( 1) dibeber dadi sepuluh ( 10 ), Jumlahe Seket ( 50 ), diarani Mutaqot seket.
MUTAQOT : tegese ITIQODAN ( KEYAQIAN )
SEKET : tegese ITUNGAN .
SEKET : tegese ITUNGAN .
****************************
WEDARAN MUTAQOT SEKET
SIFAT WAJIB RONG PULUH ( 20 ) MUHAL RONG PULUH ( 20 )
SIFAT WENANG SIJI DIBEBER DADI SEPULUH
( SIFAT DZATING PENGERAN )
***
1. WUJUD : tegese ONO, muhal ADAM tegese muhal lamun Alloh iku
Ora ono. Dahlile ; ALLOHUL LADZI
KHOLAQOSSAMAAWATI WA ARDLO ; tegese Alloh
Iku Dzat kang agawe langit lan bumi, lan barang –
barang kang antarane langit lan bumi. As – sajdah 4.
MAKSUDIPUN ;
Kasunyataning ( Hakekating )Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo
sak wise nyipto lan nitahake Tondo seksi kang maujud Gumelar ;
( Lintang , Bumi, Suryo , Rembulan soho Mahkluk – mahkluk
sedoyo ) Ingkang minongko dados Tondo seksi tumrap
manungso ingkang tinitah sampurno,anggenipun mboten mamang
malih mastani bilih dzat ingkang mboten ketawis puniko WAJIB ANANE.
Keterangan ;
Tiang ( Mahkluk ) saget mungel ONO ( wujud ) puniko jalaran
KATITAHAKEN, inggih puniko arupi badan wadag. Pramilo
Srt Usulludin mastani bilih Sifat Ongko 1 wau Kangge badan
( awak-awakan ) . Inggih margi saking Abadan puniko,
manungso saged mobah polah lsp.
KOSOK WANGSULIPUN ; ORA ONO, inggih Puniko MATI.
Awit mati puniko sampun mboten saged nyebat punopo –
punopo malih.
2. QIDAM : Tegese Gusti Alloh iku Mesti Disik Tan ono Kang Ndisik’i,
Ora soko obah lan tetep Ora Obah, Muhale HUDUS,
Tegese ;
Ora percoyo Lamun Gusti Alloh Iku ANYAR, Dahlile :
HUWAL AUWALU WAL AKHIRU. Artine ; Gusti Alloh
Iku Dzat Kang awal lan Dzat Kang Akhir. QS.Alhaadid 3.
MAKSUDIPUN :
Gusti Alloh Pengeran iku Mesti Disik Tanpo Kawitan
Akhir Tanpo Pungkasan, Mboten wonten lan saget
kaungkulan lan mboten wonten sifat ingkang “ NDISIKI “
wontenipun pengeran,
Tegesipun ;
Menawi wonten Sifat Ingkang “ NDISIKI “ Puniko terang
Sanes Pengeran. Awit Pengeran puniko menawi wonten
ingkang “ NDISIKI “ wontenipun sami kalian ; pengeran
puniko langkung saking setunggal. Akibatipun ; pengeran
no.1 lan pengran no 2 mesti sami rebat panguos, inggih
puniko disik – disikan wewenangipun. Wahananipun jagat
puniko lajeng tubrukan utawi manungso MOKALAKEN
dateng wontenipun Pengeran. Sifat “ DISIK “ wau
dados pangiyating keyakinan Pengeran Puniko hanamung
SETUNGGAL , SANES LANGKUNG.
- 3. BAQO ( LANGGENG ) : tegese Gusti Alloh iku mesti tetep , tetep ora soko obah
- lan tetep ora obah.
MUHAL ; FANA’ , Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh
Iku Rusak ( Brubah uwah ). Dalile ; WAYABQO WAJHU
ROBBIKA DZULJALAALI WAL IKHROM,
( QS.Arrohman ;ayat 27 ).
MAKSUDIPUN ;
Mboten saget berubah Gumelaring alam royo ingkang
saking kersanipun wau tetep awujud ingkang dipun sebut
LANGGENG. Dene menawi itjal utawi boten wonten ,
puniko saged ugi jalaran manungso mboten manggih. Ono
jeneng mesti ono barange, kajobo Asmaning Pengeran
ingkang mboten kenging Kasami’aken.
LIRIPUN ;
Sifat Langgeng puniko sagedipun dipun sebat, jalaran
Manungso kanggonan URIP krembyah-krembyah.
KETERANGAN :
“ SEJATING LANGGENG IKU ONO ING
SAJERONING URIP, KANG DUMUNUNG ING SAK
DURUNGE MATI “ .
4. MUKHOLAFATULLIL HAWADITSI ;
Tegese Gusti Alloh iku mesti nulayani marang barang kang anyar
( BEDO KELAWAN KANG ANYAR ) .
MUHAL ; MUMASALATULLIL HAWADITSI , tegese ora percoyo
Lamun Gusti Alloh iku podo karo barang anyar ( langit lan bumi sak
Isine ). Dalile : LAITSA KAMSILIHI SAI’UN, QS.Assuro’ ayat 11.
Artine : Ora ono iku koyo opo suwiji – wiji kang ngumpani marang
Alloh.
KETERANGAN ;
Awit nyatanipun sedoyo ingkang Gumelar ketawis wau cipta’anipun
Utawi damelanipun. Ukuran tumpraping Tiang ; tembung “ bedo
Kelawan anyar “ puniko sejatinipun jejering titah satunggal –
satunggalipun sampun nggaduh wujudipun, umpaminipun ; tiyang
linairaken (katitahaken ) dados barang anyar ingkang saget ewah gingsir,
nanging sarehning nami tiyang wonten ing jagad pundiyo kemawon
kawontenan tetep sami, gadah suku, mripat, kuping lsp.
Ing donyo lajeng kebak titah ingkang sami nggumunaken, dene
satunggal- satunggalipun sami kepanggih “ BENTEN “.
LIRIPUN ;
Sedoyo titah ; Laler , Tawon, sekar, wit – witan, manungso lsp, wau
Sami “ BARANG ANYAR “ ingkang “ bhedo “ kalian titah ingkang
Anyar malih “ ingkang nyusul “
Sedoyo wau dados paseksen bilih Pengeran puniko anggenipun
nitahaken mahkluk miturut sakersanipun.
5. QIYAMUHU BINAFSHIHI ;
Tegese Gusti Alloh iku mesti Djumeneng kelawan Dzate dewe.
MUHAL ; IHTIYAJU LIGHOIRIHI , tegese Ora percoyo lamun
Gusti Alloh iku butuh panggonan liyo. Dalile : INNALLOHA
LAGHOIYUN ‘ANIL ALAMIN , QS. AL- ANKABUT ayat 6.
Artine : Satuhune Gusti Alloh semugih, adoh soko wong sak ngalam
Kabeh.
KETERANGAN:
Tembung – tembung ing inggil puniko saben dinten saged
kasumerepan, buktinipun kadosto ; Turu kepati tangi karepe dewe,
bab puniko kepanggih wonten sadengah titah. Malih inggih puniko
bab winih, ingkang tukul piyambak mboten sarono dipun duduti.
Dados pepuntonipun ; sifat jumeneng kelawan pribadi puniko
satunggaling sifatipun pengeran ingkang anglimputi sedoyo titahipun
ingkang obah.
Tegese Gusti Alloh iku mesti siji kang Haqiqi , siji Dzate , siji sifate ,
Siji Penggawe ( Apengal ).
Keterangan :
Tegese Alloh iku ora nganggo wilangan kang ketemu ; koyo wulu karo
kulit, Otot karo daging, balung karo sungsum iku ora.
Maksudipun ;
Dzate Alloh iku ora wilangan kang pisah – pisah koyo driji tangan
( Dzat , Sifat , Asmo , Apengal iku siji )
MUHAL : Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh iku ono wilangane.
Dalile : QULHU WALLOHU AHAD , QS. Al – ihlas ayat I.a.
Artine ; Dawuho siro Muhammad, Alloh iku Dzat kang Siji.
Tembung sawiji puniko gampil penampinipun awit sadengah ingkang
“ sawiji “ ( siji ) mboten tigo utawi langkung. Tumraping pamanah
sawiji puniko ngiyakinaken gegebengan dateng wontenipun
Pengeran. Menggahing ukuran tumrap tiang, sawiji puniko
pepuntoning Dzat. Jalaran rehning Gesang puniko asal saking Dzat
ingkang sawiji, milo sedoyo tujuan pinanggih leres.
Cekak aosipun : Sawiji ( siji ) puniko ngetingalaken dateng Manungso
Sampurno, ingkang asalipun saking Dzat siji. Dados sanes saking Dazt
Punopo – punopo kajawi saking wontening Dzat ingkang Kagungan
Sifat wau.
Jer sifat – sifat wau puniko sejatining kaiket dados sawiji, namung
Pakartinipun kemawon ingkang piyanbak – piyanbak. Milo sifat
Ongko 1 ngantos dumugi ongko 6 ing inggil , kawastanan ; SIFAT
KANG ORA ONO KOSOK WANGSULE = ( SALBIYAH ).
7. QUDROT : ( KUWOSO ) ;
Tegese Gusti Alloh iku mesti kuwoso.
MUHAL ; ‘AJZUN, Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh iku apes
Dalile ; INNALLOHA ‘ALA KULLI SAI ‘IN QODIR.
Artine ; satuhune Gusti Alloh iku Kuwoso ing atase suwiji –wijine.
Qudrot utawi Kuwoso puniko umpaminipun mekaten ;
“ tiang ingkang lenggah ing dingklik nggadah krentek badhe menyat,
Sakolo lajeng njenggelek ngadhek “ anggenipun ngadek wau jalaran
Manungso puniko kanggenan sifat kuwoso mrentah diri pribadi.
8. IRODAT ( KERSO ) : Tegese Gusti Alloh iku mesti Kerso.
MUHAL : KAROHAH , Tegese oro percoyo lamun Gusti
Alloh iku Kasereng.
DALILE : INNALLOHA FA’ALALUL LIMA MURID,
( QS. Al – Buruj ayat 16 ).
Artine : Satuhune Gusti Alloh iku pirang – pirang
Gaweane Marang barang Kang den Kersa’ake
Alloh.
KETERANGAN :
Tindakipun tiang gesang puniko mesti karumiyinan dening
Kerso ( karep ). Dados karso puniko ingkang
MURBOWASESO wontening tindak .
9. ILMU ( KAWERUH ) :
Tegese Gusti Alloh iku mesti ngudaneni ( NGERTI ‘AKE ).
MUHAL : JAHLUN, tegese ora percoyo lamun Gusti
Alloh iku bodho.
Dalile : INNALLAHA ‘ ALIMUN BIDZZA TISSUDUR,
QS. Al – Imron ayat 11.
Artine : Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang Ngudaneni
Marang wong kang duweni ati kang den kersa’ake.
KETERANGAN :
Manungso duwe pengertian awit kadunungan sifat ilmu /
ngertine Pengeran. Manungso biso moco jalaran ngerti lan
Kebukak atine, amargo ngupadi kaweruh murih bisane nulis
lan moco. Ing wasono banjur duwe pangerten utowo kaweruh
( ilmu ).
Gegayuhaning Kaweruh ; pengertian; ilmu iku biso oleh
kaleksanan lan sampurno yen uwis kebukak aling –alinge
utowo ayang –ayang kanga ran Karumangsan ( Qijab )
pepuntoning wedaran sifat Ilmu :
Manungso iku sejatining uwis kadunungan sifat ngertine
Pengeran. Anane bodho amargo durung kebukak aling-
Alinge ( qijab ) utowo ijik ketutupan roso- rumongsone.
10. HAYAT ( URIP ) :
Tegese Gusti Alloh iku mesti Urip ora rogo,ora ati, ora
nyowo, ora Sukmo.
Muhal : MAUTUN, tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh
Iku sedo.
Dalile : WATAKKAL ‘ALAL HAIYILLADI
LAAYAMUTU, QS. Al – furqon ayat 56.
Artine : Lan pasraho siro Muhammad, sejatining Ingsun iki
Dzat urip kang ora mati.
“ wose urip iku dudu pengeran,nanging sawijine sifate
pengeran “.
11. SAMA’ ( NGRUNGU ) =MIYARSO :
Tegese Gusti Alloh iku mesti Ngrungu tanpo Kuping /
Talingan.
MUHAL : SHOMAMUN, tegese ora percoyo lamun Gusti
Alloh iku Tuli.
Dalile : WALLOHU SAMI’UN ‘ ALIIM.
Artine : Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang ngrungu
Tur Dzat kang ngudaneni , Qs. Al – imron 34.
12. BASHOR ( WERUH = UNINGO ) :
Tegese Gusti Alloh iku mesti ningali tanpo mripat.
MUHAL : ‘ UMYUN, tegese ora percoyo lamun Gusti
Alloh iku Wuto.
Dalile : WALLAAHU BASHIRUN BIMMA
TA’ MALUN , Qs. Al – Hujrot.
Artine : Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang ningali
Kelawan barang – barang kang siro lakoni kabeh.
13. KALAM ( NGENDIKO ) :
Tegese Gusti Alloh iku mesti Ngendiko tanpo Gawe lisan,
Tanpo suworo , tanpo aksoro.
MUHAL : BUKMUN, tegese ora percoyo lamun Gusti
Alloh iku bisu.
Dalile : WAKALI AMALLAHU MUSA TAKLI IMA,
Qs. Annisak ayat 164.
Artine : Alloh wus dawuh marang Nabi kelawan Ngendiko
Temen.
14. KAUNUHU QODIRON ; ( KANG KAGUNGAN KUWOSO ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kuwoso tur
Dzat kang Nguasa,ake.
MUHAL : KAUNUHU ‘AJIZAN, tegese ora percoyo lamun
Onone Gusti Allah iku Dzat kang apes.
Dalile : podo karo sifat QUDROT.
15. KAUNUHU MURIDAN = ( KANG KAGUNGAN KERSO ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang Kagungan
kerso tur Dzat kang Ngersa,ake.
MUHAL : KAUNUHU KARIHAN, tegese ora percoyo
lamun onone Gusti Alloh iku Dzat Kang kagungan
kasereng.
Dalile : podo karo sifat IRODAT.
16. KAUNUHU ‘ALIMAN = ( KANG KAGUNGAN ILMU ) ;
Tegese Onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan
Ilmu tur Dzat kang Ngudaneni ( ngerti’ake ).
MUHAL : KAUNUHU JAAHILAN, tegese ora percoyo
lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang
kagungan Bodo.
Dalile : podo karo sifat ILMU.
17. KAUNUHU KHAYAN = ( KANG KAGUNGAN URIP ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan
Urip ora nyowo, ora Sukmo ,tur Dzat kang nguripake.
MUHAL : KAUNUHU MAUTUN, tegese ora percoyo
lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang kang
kagungan sedo ( mati ).
Dalile : podo karo sifat HAYAT.
18. KAUNUHU BASIRON = ( KANG KAGUNGAN WERUH / NINGALI ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang Kagungan
Weruh / ningali tanpo gawe mripat tur Dzat kang
Meruhake / ngetingalake.
MUHAL : KAUNUHU ‘AMA , tegese ora percoyo
lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang
kagungan Wuto.
Dalile : podo karo sifat BASHOR.
19. KAUNUHU SAMI’AN = ( KANG KAGUNGAN NGRUNGU/ MIDANGET ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat Kang kagungan
Ngrungu / Midanget tanpo gawe kuping , tur Dzat kang
mirungo’ake / Midangetake.
MUHAL : KAUNUHU ASHMA, tegese ora percoyo lamun
Onone Gusti Alloh iku Dzat Kang kagungan Tuli.
Dalile : podo karo sifat SAMA’.
20. KAUNUHU MUTAKALIMAN = ( KANG KAGUNGAN NGENDIKO ) :
Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan
Ngendiko tanpo gawe lisan, tanpo gawe Suworo ,tanpo
Gawe aksoro , tur Dzat kang Ngendika’ake.
MUHAL : KAUNUHU ABKAMA , tegese ora percoyo
lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang
kagungan Bisu.
Dalile : podo karo sifat KALAM.
SIFAT WENANGE ALLOH ONO 1 ( siji ) DIBEBER DADI 10 ( sepuluh ) ,WAJIB SAK MUHALE yoiku ;
1 . Gusti Alloh agawe langit bumi sak isine iku WENANG, muhal kelamun WAJIB.
2. Gusti Alloh agawe langit Bumi sak isine iku ora di ALAP PAEDAHE, muhal kelamun di
Di alap PAEDAHE.
3. Gusti Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ora DUWE DOYO WATAK, muhal kelamun Duwe
doyo watak.
4. Gusti Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ora DUWE DOYO KUAT, muhal kelamun Duwe
doyo kuat.
5. Gusti Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ANYAR, muhal kelamun Langit Bumi sak isine iku
QIDAM.
********************************************
=================================
SIFAT WAJIBE GUSTI ALLOH 20 DIBAGI 4
1. Sifat Nafsiyah : tegese Sifat kang bongso awak - awak ' an
Mungguh Mahluk , dene mungguhe Alloh
Nafsiyah iku Jin : balane ono siji yoiku Sifat
Wujud.
2. Sifat Salbiyah : tegese Sifat kang Kanggo Dedel / Nulak
Barang kang ora patut mungguhe Alloh ,
Balane ono 5 ( limo ) yoiku rupane ;
1. Qidam ( disik ).
2. Baqo' ( Langgeng ).
3. Mukholafatullihawaditsi ( tan keno
konoyo ngopo ).
4. Qiyamuhu binafsihi ( jumeneng kelawan
Dzate dewe ).
5. Wahdaniyah ( siji kang Haqiqi ).
SIFAT KANG NGORAK'AKE
3. Sifat Ma'ani : tegese Gusti Alloh sak durunge agawe langit
Bumi sak isine , Gusti Alloh wus Kagungan
sifat MA'ANI , balane ono 7 yoiku ;
1. Qudrot ( kuwoso ).
2. Irodat ( kerso ).
3. Ilmu ( Ngudaneni / Ngerti ).
4. Hayat ( Urip ).
5. Sama' ( Ngrungu ).
6. Bashor ( Weruh ).
7. Kalam ( Ngendiko ).
4. Sifat Ma'nawiyah :
Tegese Gusti Alloh sak wuse Agawe Langit
Bumi sak isine , Gusti Alloh Kang kagungan
sifat Ma'nawiyah balane 7 rupane ;
1. kaunuhu Qodiron ( kang kerso )
2. kaunuhu Muridan ( kang kerso )
3. Kaunuhu 'aliman ( kang Ngerti ).
4. kaunuhu haiyan ( kang urip )
5. Kaunuhu Sami'an ( kang ngrungu ).
6. kaunuhu Bashiron ( kang weruh )
7. Kaunuhu Mutakaliman ( kang ngendiko ).
MOTAQOT SEKET DIBAGI 2 ( LORO )
================================
************************************
1. ISTIGNA'U AKULLIMAASIWAAHU ( mlebune ) : tegese Gusti Alloh iku ora butuh
marang kang sak liyane Alloh , kerono semugihe Alloh.
Bolone ono 28 ( wolu likur ) Ono WAJIBE , Ono MUHALE , Ono Wenange , yoiku
Rupane :