Minggu, 02 Juni 2013

WEDARAN ILMU / KAWERUH KASUNYATANING URIP

  
ILMU / KAWERUH KASUNYATANING URIP

Ajaran Kaweruh Kasunyataning URIP  sejatosipun ajaran ingkang mliginipun nggayuh Kasampurnaning ngagesang ( urip ). Kasebut ugi Kaweruh nyawiji manuggaling Kawulo Gusti


( nyawiji kahanan siji = Tauchid ) inggih kaeweruh mring Urip sejati. “ sejatining Urip iku sak wuse Mati. Sopo kang oleh Nugroho biso nyata’no sing nganti ora biso opo – opo , yoiku margining kalis soko beboyo ( setan ora doyan demit ora dulit ) ”.

           

       Milo sinten kemawon ingkang sami nunggil raos sumonggo sami den prayitnani kanthi penggalih ingkang wening, setiti, teliti, ati – ati, den waspada’aken wonten ing tataran


Ilmu ( pengertosan ) lampah Ngudi dateng  kasunyataning ngagesang ( urip langgeng ).


          
           Ing kahanan sak meniko sami kathah ingkang pinemu semu utawi benceng cuweng ing


Pemanggihipun raos anggenipun mastani Kasunyatanning Urip , yen sedoyo niku wau nunjuk’aken bilih anggenipun nyata’aken dereng kadumugen utawi taksih kandek dateng begalan ( manjonggseto / mistik ). Jalaran saking pangertosan ingkang sok manut utawi Gugon tuhon, jarene jare , anut – anutan dateng wedaran –wedaran soho tindak  ingkang sok Gampil  dipun yakini tanpo dipun wirid kanthi cerdas miguna’aken akal lan pikiran ngantos dumugi raos saget dipun nyata’aken ingkang  sak nyatanipun sampun  mboten owah gingsir.


Dados  yen wedaran pangertosan meniko lepat sedoyo tumut lepat ngantos keyakinanipun tumut lepat. Ing wasono ingkang dipun panggihi mboten ingkang Sejati ( nyoto ),hananging cokrobawanipun akal ,pikir , lan angen-angen ( Mahkluk nyembah mahkluk / mistik / syiriq ).


            Pramilo sumonggo sami dipun titipriksani malih kanthi prasojo anggenipun ngangsu kaweruh urip sampun sok anut Grubyuk ing pamedaran Kaweruh  Kasunyataning Urip, amargi ingkang dipun wastani “ Kasunyataning Urip “ meniko sanes ukuran alam Ndonyo (Barang  Anyar Katon ).


            Dados ingkang dipun wastani Kasunyataning Urip meniko tegeseipun inggih  Kasunyataning Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo, ingkang Wajib wontenipun kagungan Sifat sak derange lan sak sampune nggelar jagat sak isine.


Pengertosan ing inggil meniko werit sanget yen mboten dipun saranani kanthi penggalih wening lan ngantos dugi sak niki dadosaken benceng – cuenging pangertosan ingkang dereng kepareng nyata’aken ingkang satuhunipun Kasunyataning Urip.


            Ing inggil sampun Kawedar bilih Ingkang dipun wastani “ Kasunyatan “ wonten ing gegebengan Ilmu Urip meniko sejatosipun Kasunyataning Dzate Pengeran Kang tan keno kinoyo ngopo, tegese :  mboten Rupo , mboten warno ,mboten cahyo , mboten klepyur – klepyur, mboten pletik-pletik, mboten barang ( mripat ora weruh = peteng dedet lelimengan = ora Biso ngarani NING ONO ), mboten suworo ( kuping ora weruh = ora sworo ), mboten gondho ( irung ora weruh = ora ambu ), mboten roso ( pengroso / ilat ora weruh = ora asin/ora legi/ora pahit/ora kecut/ora getir/ora pedes/ ora anyep/ ora Lsp ), mboten kasar inggih mboten alus / lembut ( panggepok’an / kulit ora weruh ), ateges Poncodriyo mboten badhe saget nyumerepi ( nyekseni ) Kasunyataning Dzate Pengeran.


           


Dados yen wonten gegebengan utawi panuntun ingkang nyumerepaken ( Ma’rifataken ) dateng Kasunyataning Dzate pengeran ( URIP  )tanpo miguna’aken ILMU lan Keterangan ingkang tumuju dateng Iman ( Yaqin ) ,hananging mawi sarono poncodriyo


( mripat,kuping,irung,pengroso / ilat , panggepok’an ) utawi sarono pasemeden migunak’aken Tri indriyo ( akal , pikir , karepe angen –angen ), estu meniko sanes Kaweruh Kasunyataning Urip, nanging “ Kaweruh Wuto Grayah –grayah utawi Cokrobowo /ngentho – entho ) ingkang nuwuhaken sasar – susuring pangertosan soho sasar- susuring keyakinanipun dateng Pengeran ingkang sejati.( Ngjk  wan)


            Amargi ing ngajeng sampun kawedar bilih Poncodriyo Mboten badhe saget anekseni


 ( Mboten Weruh ) Kawontenanipun Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo. Semanten ugi mawi sarono Semedi Kanthi patrap lungguh silo tangan sedakep soho noto mlebu metune ambekan madep ngetan ndamel amalan unen – unen  ingkang sami dipun lampahi  ing tataran kejawen ,meniko sejatinipun pemanggih ingkang nyetosipun hanamung lelaku utawi dalan anggenipun badhe ngleremaken  poncodriyo soho tri indriyo nanging kanthi dipun pekso( mekso roso jati ) ,anggenipun badhe tumuju dateng NING lan NENG , inggih lampah ingkang kados meniko  jalaran mboten miguna’aken landesan ilmu utawi pangertosan ingkang tumuju dateng Kasunyataning Dzat Kang tan keno kinoyo ngopo. (ngjk.wan )


            Dados sampun klentu ing pemanggih bilih Kaweruh Urip meniko tegesipun Ilmu / pengetahuan / pengertian ingkang sifatipun Keterangan – Keterangan ingkang Dungkap pangertosan sangkan paraning Dumadi  inggih meniko Dzat, Sifat , Asmo , Apngal ( penggawe ) Kanthi dipun Nyata’aken ingkang satuhu dumugi ing raos sampun dipun keparengaken nyata’aken ngantos paham sejatining paham, weruh sejatining weruh inggih meniko ingkang kawastanan padang gumilang tanpo wewayangan = mboten wonten qijab / aling-aling ,ingkang mboten mawi sarono –sarono patrap utawi lelaku  ingkang mboten adedasar  Ilmunipun Pengeran.( ngjk. Wan )


            Menopo malih ingkang dipun wastani Kasampurnaning Urip malah soyo nglunyit ing raos. Amargi sinten ingkang sampun kaparingan Nugroho ngambah lan mlebet ing  Alam Tan Keno Kinoyo Ngopo , inggih meniko ing raos kawastanan “ MATI ING SAJERONING URIP, URIP ING  SAJERONING MATI (Ora ngrumangsani = sak kersane sing kagungan kerso  ) “ sedayanipun sampun mboten dipun rumaosi , kantun manut ing kersaning Dzat ingkang Moho Wenang. Inggih meniko ingkang dipun wastani Kasampurnaning Urip. Sampun ngertos lan pirso “ ING NGENDI ASALE SIRO DISIK, LAN SAIKI MANGGON NENG NGENDI , BANJUR MESTI BALI SIRNONE  NENG NGENDI “ ( Ngerti lan weruh Sumber Sangkan Paraning Dumadi ).( ngjk.wan)

 

WEDARAN WIRID SANGKAN PARANING DUMADI
“ Assalamu’alaikum warrohmatullohi wabarrohatu “
Kanthi nyebut Asmane Dzat Hyang Moho Agung,

            ING SADURUNGE ONO OPO –OPO KANG DISIK IKU ALLOH,
            KANG DUMUNUNG ONO SAJERONING NUKAT GHAIB,
             KANG ARAN “ QUN”, YOIKU” DZAT SEJATI”.
            NUKAT tegese WIJI, GHAIB tegese SAMAR.
            DADI NUKAT GHAIB IKU  WIJI KANG SAMAR KASEBUT
             NUR-MUHAMMAD YOIKU CAHYO PADANG GUMILANG TANPO
            WEWAYANGAN KANG ARAN  SIFAT SEJATI “.
            QUN BANJUR FAYAQUN, QUN TEGESE SABDANINGSUN, SABDO SEPISAN
DADI SELAWASE KANG ARAN “ ASMO SEJATI “. FAYAQUN TEGESE DADI
GUMELAR SELAWASE KANG ARAN “APNGAL SEJATI

Dados sedoyo wedaran wirid ing inggil meniko , wirid WIWINIHING ( wijining ) DUMADI ( Sangkan Paraning Dumadi ) Utawi  Sumber sangkan paraning dumadi inggih meniko ;  DZAT, SIFAT, ASMO, APNGAL SEJATI.
Inggih meniko ingkang dados kunci werdining dalan tumuju dateng Iman ( yaqin ) kedah mawi sarono Ilmu utawi pengertosan / kaweruh ingkang dados panuntun saking Pengeran ingkang dipun tumurunaken dumateng poro walinipun ( utusanipun ) wiwit zaman Adam  ngantos dumugi zaman sak niki mboten badhe owah gingsir, lan sak lajengipun dipun nyata’aken ingkang satuhu, mboten namung gugon tuhon saking cerito - cerito , jarene jare utawi namung anut-anutan.
Amargi sedoyo wedaran Kaweruh / Ilmu / Pangertosan Urip ingkang adedasar Kitab menopo kemawon meniko dipun tumurunaken kangge WONG KANG IJIK DIURIPI, sanes kangge WONG KANG WUS MATI ( Nilar ndonyo ) ,Dados sedoyo Kaweruh Urip meniko dipun pelajari lan dipun nyata’aken ingkang sak nyatane , nalikane Taksih Urip ing sajeroning Panguripan , jer ingkang dados pepuntoning panggayuh hanamung setunggal inggih meniko sumarah nyuwiji dateng DZATING PENGERAN nalikane taksih Maujud ing Panguripan.

 

  ********************** 

WEDARAN WIRID  WIJINING DUMADI;

================================ 



I.                   DZAT       ( dzat ) :


                    Tegese Dzating pengeran kang ora katon ( mripat ora weruh =


                    Ora biso ngarani ) , utowo Dzat TAN KENO KINOYO OPO


                     ( mukholafatulillhawaditsi ) nanging nglimpudi sekabehing kang


                    Gumelar  yoiku  langit Bumi sak  isine lan barang – barang ing


                    antarane langit Bumi sak isine.
                    Dzating pengeran iku , hanglimputi ono ing sifat maujud.
                    ora njobo ora jero , ora mapan , ora jaman, ora lanang ora wadon,
                    Dudu wandu , ora anak ora bapak , Dudu barang , dudu Warno ,
                    Dudu rupo , dudu cahyo , dudu suoro , dudu gondo , ora kasar ,
                    ora alus , dudu roso , dudu plethik - plethik , dudu klepyur ,
                    ora padang , ora petheng , ora kono , ora kene , ora caket ,
                    ora adoh , hananging Hanglimputi Sagung Dumadi.


    


II.                SIFAT                  :


                    sejatining sesebutan kang sak wise onone Dzat ,tegese ; soko


                    Kuwosone Dzating Pengeran , yoiku Dzat kang agawe


                    samubarangkalir kagungan sifat kang wajib utowo sifat iku anglimpudi


                     sakabehing kang Dumadi. Yen Kawedar dadi Dzat kang nitahake


                    sekabehing kang Gumelar  Kagungan SIFAT  WAJIB 20, MUHAL 20,


                    WENANGE 1 DIBEBER DADI 10.





III.              ASMO     :


                    Yoiku pengaran – aran soko Manungso , tegese anggone manungso


                    Nyebut Dzate pengeran Kang Wajib onone, jalaran manungso


                    Kaserenan wewenang nampik / milih bener lan luput, maksude ;


                    Panyebut marang Pengeran iku hamung kagowo soko panyebute awak’e


                    Dewe ,jalaran awak’e dewe kang biso sok muno – muni soho manungso


                    Duwe pamilih : yen panguwoso kang duwur dewe iku Kasebut ALLAH.


                    Manungso anggone nafsiri : Panguwoso / sesembahan kang ORA


                    KATON. Rehning Hakekate nyifati umat manungso, mulo panyebute ugo


                    Werno – werno miturut pengertiane lan keyaqinane dewe – dewe.


                    Jlentrehe : Suwiji –wijine Manungso nyebut yen Gusti Allah iku ONO,


                    Lan yen ASMO iku sejatining ARAN, ngarani PRIBADINE. Dene kang


                    Kasebut PRIBADI iku tegese jejering manungso kang Komplit kesifatan


                    Dzating Pengeran.








VI. APENGAL = PENGGAWE = PAKARTI :


                                      Tegese PENGGAWE / PAKARTI, iyo penggawene Dzat Allah .


                                      Rehning makarti , mulo sakabehane Titah kang manekowarno


                                       ( proton, netron , molekul, atom ,ion , inti atom, Lsp) wiwit mikrocosmos


                                      sampek makrocosmos podo Kesifatan Dzate Pengeran.


                                      Dadi kang katon Gumelar iki minongko pakartine Pengeran kang ora


                                      bakal brubah uwah , tegese Pakartine / penggawene tetep ajeg lan


                                      asifat TERTIB ,TOTO TENTREM , ADIL , SUCI , ORA PILIH – ASIH.





=============================================================




BISMILLAHIRROHMANIRROHIM



ILLAHI ANTA MAQSUDI WARIDHOKA MATLUBI WALILLAHIL ALMASRIKU


WALMAGRIBU, FA’AINAMA TUWALLU FASAMMA WA’JHULLOH


INNA ALLOHA IKU WASINGUN’ALIIMUN.



1. ILLAHI                                                : Duh Pengeran Kulo


2. ANTA                                                  : Utawi Penjenengan


3. MAQSUDI                                           : Inggih Puniko ingkang Kulo Sejo


4. WARIDHOKA                                     : Lan ridho Penjenengan


5. MATLUBI                                            : Inggih Puniko Ingkang Kulo Padosi


6. WALILLAAHIL                                   : Lan iku tetep Kaduwe Alloh


7. ALMASRIKU                                      : Lan Jagat wetan


8. WALMAGRIBU                                  : Lan Jagat Kulon


9.FA’AINAMA TUWALLU                     : Mongko ing ndalem endi enggon madep siro


                                                                   Kabeh


10. FASAMMA WA’JHULLOH              : Mongko ing kono ono opo Dzate Alloh


11. INNA ALLOHA                                 : Satuhune Gusti Alloh


12. IKU WAASINGUN                            : Dzat kang jembar


13. ‘ALI IMUN                                        : Tur Dzat kang ngudaneni.





AUWALU WAAJIBIN ‘ALAL INSANI MA’RIFATULILLAHI BISTIQOONI


  1. Auwalu waajibin                      : Utawi Kawitane kang wajib
  2. ‘Alal insaani                            : Ingetane manungso
  3. Iku ma’rifatul illahi                  : Ngaweruhi Pengeran
  4. Bistiqooni                                : Kelawan Nyoto.





       Endi – endi wong mu’alaf diwajib ake ngaweruhi SIFAT WAJIBE ALLOH kang okehe rong puluh ( 20 ), SIFAT MUHALE rong puluh ( 20 ) , SIFAT WENANGE siji ( 1) dibeber dadi sepuluh ( 10 ), Jumlahe Seket ( 50 ), diarani Mutaqot seket.


       MUTAQOT     : tegese  ITIQODAN ( KEYAQIAN )
       SEKET            : tegese ITUNGAN .  



****************************


WEDARAN MUTAQOT SEKET

SIFAT WAJIB RONG PULUH ( 20 ) MUHAL RONG PULUH ( 20 )

SIFAT WENANG SIJI DIBEBER DADI SEPULUH

( SIFAT DZATING PENGERAN )

***

1. WUJUD                        : tegese ONO, muhal ADAM tegese muhal lamun Alloh iku

                                             Ora ono. Dahlile ; ALLOHUL LADZI 

                                             KHOLAQOSSAMAAWATI WA ARDLO  ; tegese Alloh

                                             Iku Dzat kang agawe langit lan bumi, lan barang –

                                             barang kang antarane langit lan bumi. As – sajdah 4.

                                                         

 

                                             MAKSUDIPUN ;

                                             Kasunyataning ( Hakekating )Dzat Kang  tan keno kinoyo ngopo

                                                 sak wise nyipto lan nitahake Tondo seksi kang maujud  Gumelar ;

                                                 ( Lintang , Bumi, Suryo , Rembulan soho Mahkluk – mahkluk

                                                  sedoyo )  Ingkang minongko dados   Tondo seksi tumrap  

                                                  manungso ingkang tinitah sampurno,anggenipun mboten mamang

                                                  malih mastani bilih dzat  ingkang mboten ketawis puniko WAJIB     ANANE.

                                                        

 

                                                  Keterangan ;

                                                  Tiang ( Mahkluk ) saget mungel ONO ( wujud ) puniko jalaran

                                                  KATITAHAKEN, inggih puniko arupi badan wadag. Pramilo

                                                  Srt Usulludin mastani bilih Sifat Ongko 1 wau Kangge badan

                                                  ( awak-awakan ) . Inggih margi saking Abadan puniko,  

                                                  manungso saged mobah polah lsp.


                                                  KOSOK WANGSULIPUN ; ORA ONO, inggih Puniko MATI.

                                                  Awit mati puniko sampun mboten saged nyebat punopo –

                                                   punopo malih.



2.  QIDAM                             : Tegese Gusti Alloh iku Mesti Disik Tan ono Kang Ndisik’i,

                                                   Ora soko obah lan tetep Ora Obah, Muhale HUDUS,  

                                                   Tegese ;

                                                   Ora percoyo Lamun Gusti Alloh Iku ANYAR, Dahlile :

                                                   HUWAL AUWALU WAL  AKHIRU. Artine ; Gusti Alloh

                                                   Iku Dzat Kang awal lan Dzat Kang Akhir. QS.Alhaadid 3.

                                                               

                                                    MAKSUDIPUN :

                                                     Gusti Alloh Pengeran iku Mesti Disik Tanpo Kawitan

                                                     Akhir Tanpo Pungkasan, Mboten wonten lan saget

                                                     kaungkulan lan mboten wonten sifat ingkang “ NDISIKI “

                                                     wontenipun pengeran,

                                                              

                                                      Tegesipun ;

                                                       Menawi wonten Sifat Ingkang “ NDISIKI “ Puniko terang

                                                       Sanes Pengeran. Awit Pengeran puniko menawi wonten

                                                       ingkang “ NDISIKI “ wontenipun sami kalian ; pengeran

                                                        puniko langkung saking setunggal. Akibatipun ; pengeran

                                                        no.1 lan pengran no 2 mesti sami rebat panguos, inggih

                                                        puniko disik – disikan wewenangipun. Wahananipun jagat

                                                        puniko lajeng tubrukan utawi manungso MOKALAKEN

                                                        dateng wontenipun Pengeran. Sifat “ DISIK “ wau 

                                                        dados pangiyating keyakinan  Pengeran Puniko hanamung 

                                                        SETUNGGAL , SANES LANGKUNG.

                                                                                       



    3. BAQO ( LANGGENG )      : tegese Gusti Alloh iku mesti tetep , tetep ora soko obah 
                                                         lan tetep ora obah.

                                                                    MUHAL ; FANA’ , Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh

                                                                    Iku Rusak ( Brubah uwah ). Dalile ; WAYABQO WAJHU

                                                                    ROBBIKA DZULJALAALI WAL IKHROM,

                                                                    ( QS.Arrohman ;ayat 27 ). 

                                                  

                                                                    MAKSUDIPUN ;

                                                                    Mboten saget berubah Gumelaring alam royo ingkang

                                                                    saking kersanipun wau tetep awujud ingkang dipun sebut

                                                                    LANGGENG. Dene menawi itjal utawi boten wonten ,

                                                                    puniko saged ugi jalaran manungso mboten manggih. Ono

                                                                    jeneng mesti ono barange, kajobo Asmaning Pengeran

                                                                    ingkang mboten kenging Kasami’aken.

                                                    

                                                              LIRIPUN ;

                                                  

                                                              Sifat Langgeng puniko sagedipun dipun sebat, jalaran

                                                              Manungso kanggonan URIP krembyah-krembyah.

                                                    

                                                              KETERANGAN  :

                                                             

                                                              “ SEJATING LANGGENG IKU ONO ING

                                                               SAJERONING URIP, KANG DUMUNUNG  ING SAK

                                                               DURUNGE  MATI “ .



4. MUKHOLAFATULLIL HAWADITSI ;

                          Tegese Gusti Alloh iku mesti nulayani marang barang kang anyar

                          ( BEDO KELAWAN KANG ANYAR ) .

                          MUHAL ; MUMASALATULLIL HAWADITSI , tegese ora percoyo

                          Lamun Gusti Alloh iku podo karo barang anyar ( langit lan bumi sak

                          Isine ). Dalile : LAITSA KAMSILIHI SAI’UN, QS.Assuro’ ayat 11.

                          Artine : Ora ono iku koyo opo suwiji – wiji kang ngumpani marang

                          Alloh.

                          

                         KETERANGAN ;

                          Awit nyatanipun sedoyo ingkang Gumelar ketawis wau cipta’anipun

                          Utawi damelanipun. Ukuran tumpraping Tiang ; tembung “ bedo

                          Kelawan anyar “ puniko sejatinipun jejering titah satunggal –

                          satunggalipun sampun nggaduh wujudipun, umpaminipun ; tiyang

                          linairaken (katitahaken ) dados barang anyar ingkang saget ewah gingsir,

                          nanging sarehning nami tiyang wonten ing jagad pundiyo kemawon

                          kawontenan tetep sami, gadah suku, mripat, kuping lsp.

                          Ing donyo lajeng kebak titah ingkang sami nggumunaken, dene

                          satunggal- satunggalipun sami kepanggih “ BENTEN “.

                         

                          LIRIPUN ;

                          Sedoyo titah ; Laler , Tawon, sekar, wit – witan, manungso lsp, wau

                          Sami “ BARANG ANYAR ingkang “ bhedo kalian titah ingkang

                          Anyar malih “ ingkang nyusul “

                          Sedoyo wau dados paseksen bilih Pengeran puniko anggenipun

                          nitahaken mahkluk miturut sakersanipun.





5. QIYAMUHU BINAFSHIHI ;

                              Tegese Gusti Alloh iku mesti Djumeneng kelawan Dzate dewe.

                              MUHAL ; IHTIYAJU LIGHOIRIHI , tegese Ora percoyo lamun

                              Gusti Alloh iku butuh panggonan liyo. Dalile : INNALLOHA

                              LAGHOIYUN ‘ANIL ALAMIN , QS. AL- ANKABUT ayat 6.

                              Artine : Satuhune Gusti Alloh semugih, adoh soko wong sak ngalam

                                            Kabeh.

                              KETERANGAN:

                              Tembung – tembung ing inggil puniko saben dinten saged

                              kasumerepan, buktinipun kadosto ; Turu kepati tangi karepe dewe,

                              bab puniko kepanggih wonten sadengah titah. Malih inggih puniko

                              bab winih, ingkang tukul piyambak mboten sarono dipun duduti.

                              Dados pepuntonipun ; sifat jumeneng kelawan pribadi puniko

                              satunggaling sifatipun pengeran ingkang anglimputi sedoyo titahipun

                              ingkang obah.



      6.   WAHDANIYAH ;

                            Tegese Gusti Alloh iku mesti siji kang Haqiqi , siji Dzate , siji sifate ,

                            Siji Penggawe ( Apengal ).

                                         

     

                           Keterangan :

                           Tegese Alloh iku ora  nganggo wilangan kang ketemu ; koyo wulu karo

                            kulit, Otot karo daging, balung karo sungsum iku ora.

                                       

                            Maksudipun ;

                            Dzate Alloh iku ora wilangan kang pisah – pisah koyo driji tangan

                             ( Dzat , Sifat , Asmo , Apengal iku siji )

                                       

                            MUHAL  :   Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh iku ono wilangane.

                            Dalile        :   QULHU WALLOHU AHAD , QS. Al – ihlas ayat I.a.

                             Artine       ;   Dawuho siro Muhammad, Alloh iku Dzat kang Siji.

                                       

                                        Tembung sawiji puniko gampil penampinipun awit sadengah ingkang

                                        “ sawiji “ ( siji ) mboten tigo utawi langkung. Tumraping pamanah

                                        sawiji puniko ngiyakinaken gegebengan dateng wontenipun

                                        Pengeran. Menggahing ukuran tumrap tiang, sawiji puniko

                                         pepuntoning Dzat. Jalaran rehning Gesang puniko asal saking Dzat

                                        ingkang sawiji, milo sedoyo tujuan pinanggih leres.

                                        Cekak aosipun : Sawiji ( siji ) puniko ngetingalaken dateng Manungso

                                        Sampurno, ingkang asalipun saking Dzat siji. Dados sanes saking Dazt

                                        Punopo – punopo kajawi saking wontening Dzat ingkang Kagungan

                                        Sifat wau.

                                        Jer  sifat – sifat wau puniko sejatining kaiket dados sawiji, namung

                                        Pakartinipun kemawon ingkang piyanbak – piyanbak. Milo sifat

                                        Ongko 1 ngantos dumugi ongko 6 ing inggil , kawastanan ; SIFAT

                                        KANG ORA ONO KOSOK WANGSULE = ( SALBIYAH ).



     

    7. QUDROT : ( KUWOSO ) ;

                            Tegese Gusti Alloh iku mesti kuwoso.

                            MUHAL    ; ‘AJZUN, Tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh iku apes

                            Dalile ; INNALLOHA ‘ALA KULLI  SAI ‘IN QODIR.

                            Artine ; satuhune Gusti Alloh iku Kuwoso ing atase suwiji –wijine.

                           

                            Qudrot utawi Kuwoso puniko umpaminipun mekaten ;

                            “ tiang ingkang lenggah ing dingklik nggadah krentek badhe menyat,

                            Sakolo lajeng njenggelek ngadhek “ anggenipun ngadek wau jalaran

                            Manungso puniko kanggenan sifat kuwoso mrentah diri pribadi.


    8. IRODAT    ( KERSO  ) : Tegese Gusti Alloh iku mesti Kerso.

                                                MUHAL : KAROHAH , Tegese oro percoyo lamun Gusti

                                                                 Alloh iku Kasereng.

                                                  

                                                DALILE : INNALLOHA FA’ALALUL LIMA MURID,

                                                                  ( QS. Al – Buruj ayat 16 ).

                                                

                                                 Artine      : Satuhune Gusti Alloh iku pirang – pirang 

                                                                    Gaweane Marang barang Kang den Kersa’ake

                                                                    Alloh.

                                                                  

                                                 KETERANGAN :

                                                 Tindakipun tiang gesang puniko mesti karumiyinan dening

                                                 Kerso ( karep ). Dados karso puniko ingkang

                                                 MURBOWASESO wontening tindak .


    9. ILMU ( KAWERUH )     :

                                              Tegese Gusti Alloh iku mesti ngudaneni  ( NGERTIAKE ).

                                              MUHAL : JAHLUN, tegese ora percoyo lamun Gusti

                                              Alloh iku bodho.

                                              Dalile : INNALLAHA ‘ ALIMUN BIDZZA TISSUDUR,

                                              QS. Al – Imron ayat 11.

                                              Artine : Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang Ngudaneni

                                                            Marang wong kang duweni ati kang den kersa’ake.


                                              KETERANGAN :

                                              Manungso duwe pengertian awit kadunungan sifat ilmu /

                                              ngertine Pengeran. Manungso biso moco jalaran ngerti lan

                                              Kebukak atine, amargo ngupadi kaweruh murih bisane nulis

                                              lan moco. Ing wasono banjur duwe pangerten utowo kaweruh

                                              ( ilmu ).

                                              Gegayuhaning Kaweruh ; pengertian; ilmu iku biso oleh

                                              kaleksanan lan sampurno yen uwis kebukak aling –alinge

                                              utowo ayang –ayang kanga ran Karumangsan ( Qijab )

                                             

                                              pepuntoning wedaran sifat Ilmu :

                                              Manungso iku sejatining uwis kadunungan sifat ngertine

                                              Pengeran. Anane bodho amargo durung kebukak aling-

                                              Alinge ( qijab ) utowo ijik ketutupan roso- rumongsone.


    10. HAYAT ( URIP )           :

                                                    Tegese Gusti Alloh iku mesti Urip ora rogo,ora ati, ora

                                                    nyowo, ora Sukmo.

                                                    Muhal : MAUTUN, tegese ora percoyo lamun Gusti Alloh

                                                    Iku sedo.

                                                    Dalile  : WATAKKAL ‘ALAL HAIYILLADI

                                                                  LAAYAMUTU, QS. Al – furqon ayat 56.

                                                    Artine  : Lan pasraho siro Muhammad, sejatining Ingsun iki

                                                                   Dzat urip kang ora mati.

                                                    wose urip iku dudu pengeran,nanging sawijine sifate

                                                      pengeran “.



    11. SAMA’ ( NGRUNGU ) =MIYARSO :

                                              Tegese Gusti Alloh iku mesti Ngrungu tanpo Kuping /

                                              Talingan.

                                              MUHAL : SHOMAMUN, tegese ora percoyo lamun Gusti

                                                                Alloh iku Tuli.

                                             

                                              Dalile       : WALLOHU SAMI’UN  ‘ ALIIM.

                                              Artine      : Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang ngrungu

                                                                  Tur Dzat kang ngudaneni , Qs. Al – imron 34.


    12. BASHOR ( WERUH = UNINGO ) :

                                              Tegese Gusti Alloh iku mesti ningali tanpo mripat.

                                              MUHAL : ‘ UMYUN, tegese ora percoyo lamun Gusti

                                                                 Alloh iku Wuto.

                                              Dalile       : WALLAAHU BASHIRUN BIMMA

                                                                 TA’ MALUN , Qs. Al – Hujrot.

                                              Artine      :  Satuhune Gusti Alloh iku Dzat kang ningali

                                                                  Kelawan barang – barang kang siro lakoni kabeh.


    13. KALAM  ( NGENDIKO ) :

                                              Tegese  Gusti Alloh iku mesti Ngendiko tanpo Gawe lisan,

                                              Tanpo suworo , tanpo aksoro.

                                              MUHAL : BUKMUN, tegese ora percoyo lamun Gusti

                                                                Alloh iku bisu.

                                              Dalile       : WAKALI AMALLAHU MUSA TAKLI IMA,

                                                                 Qs. Annisak ayat 164.

                                              Artine       : Alloh wus dawuh marang Nabi kelawan Ngendiko

                                                                 Temen.



    14. KAUNUHU QODIRON ; ( KANG KAGUNGAN  KUWOSO ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kuwoso tur

                                              Dzat kang Nguasa,ake.

                                              MUHAL : KAUNUHU ‘AJIZAN, tegese ora percoyo lamun

                                                                 Onone Gusti Allah iku Dzat kang apes.

                                              Dalile       : podo karo sifat QUDROT.


    15. KAUNUHU MURIDAN = ( KANG KAGUNGAN KERSO ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang Kagungan

                                              kerso tur Dzat kang Ngersa,ake.

                                             


                                              MUHAL : KAUNUHU KARIHAN, tegese ora percoyo

                                              lamun onone Gusti Alloh iku Dzat Kang kagungan

                                              kasereng.

                                              Dalile      : podo karo sifat IRODAT.


    16. KAUNUHU ‘ALIMAN = ( KANG KAGUNGAN ILMU ) ;

                                              Tegese Onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan

                                              Ilmu tur Dzat kang Ngudaneni ( ngerti’ake ).

                                              MUHAL : KAUNUHU JAAHILAN, tegese ora percoyo

                                                                 lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang

                                                                 kagungan Bodo.

                                              Dalile      : podo karo sifat ILMU.


    17. KAUNUHU KHAYAN = ( KANG KAGUNGAN URIP ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan

                                              Urip ora nyowo, ora Sukmo ,tur Dzat kang nguripake.

                                              MUHAL : KAUNUHU MAUTUN, tegese ora percoyo

                                                                 lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang kang

                                                                 kagungan sedo ( mati ).

                                              Dalile       : podo karo sifat HAYAT.


    18. KAUNUHU BASIRON = ( KANG KAGUNGAN WERUH / NINGALI ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang Kagungan

                                              Weruh / ningali tanpo gawe mripat tur Dzat kang

                                              Meruhake / ngetingalake.

                                              MUHAL : KAUNUHU ‘AMA , tegese ora percoyo

                                                                 lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang

                                                                 kagungan Wuto.

                                              Dalile       : podo karo sifat BASHOR.


    19. KAUNUHU  SAMI’AN = ( KANG KAGUNGAN NGRUNGU/ MIDANGET ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat Kang kagungan

                                              Ngrungu / Midanget tanpo gawe kuping , tur Dzat kang

                                              mirungo’ake / Midangetake.

                                              MUHAL  : KAUNUHU ASHMA, tegese ora percoyo lamun

                                                                  Onone Gusti Alloh iku Dzat Kang kagungan Tuli.

                                              Dalile        : podo karo sifat SAMA’.






    20. KAUNUHU MUTAKALIMAN = ( KANG KAGUNGAN NGENDIKO ) :

                                              Tegese onone Gusti Alloh iku mesti Dzat kang kagungan

                                              Ngendiko tanpo gawe lisan, tanpo gawe Suworo ,tanpo

                                              Gawe aksoro , tur Dzat kang Ngendika’ake.

                                              MUHAL : KAUNUHU ABKAMA , tegese ora percoyo

                                                                 lamun onone Gusti Alloh iku Dzat kang

                                                                 kagungan Bisu.

                                              Dalile      : podo karo sifat KALAM.


    SIFAT WENANGE ALLOH ONO 1 ( siji ) DIBEBER DADI 10 ( sepuluh ) ,WAJIB SAK MUHALE yoiku ;
     
    1 . Gusti Alloh agawe langit bumi sak isine iku WENANG, muhal kelamun WAJIB. 

    2.  Gusti Alloh       agawe langit Bumi sak isine iku ora di ALAP PAEDAHE, muhal kelamun di 
         Di alap PAEDAHE. 

    3.  Gusti  Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ora DUWE DOYO WATAK, muhal kelamun Duwe 
         doyo watak. 

     4. Gusti Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ora DUWE DOYO KUAT, muhal kelamun Duwe 
         doyo kuat. 

     5.  Gusti Alloh agawe Langit Bumi sak isine iku ANYAR, muhal kelamun Langit Bumi sak isine iku 
          QIDAM.





    ********************************************
    ================================= 


    SIFAT WAJIBE GUSTI ALLOH 20 DIBAGI 4

     

    1. Sifat Nafsiyah : tegese Sifat kang bongso awak - awak ' an 

                                  Mungguh Mahluk , dene mungguhe Alloh 

                                  Nafsiyah iku Jin : balane ono siji yoiku Sifat

                                  Wujud.

     

    2. Sifat Salbiyah : tegese Sifat kang Kanggo Dedel / Nulak

                                   Barang kang ora patut mungguhe Alloh ,

                                   Balane ono 5 ( limo ) yoiku  rupane ;

                                   1. Qidam ( disik ).

                                   2. Baqo' ( Langgeng ).

                                   3. Mukholafatullihawaditsi ( tan keno 

                                       konoyo ngopo ).

                                   4. Qiyamuhu binafsihi ( jumeneng kelawan

                                       Dzate dewe ).

                                   5. Wahdaniyah ( siji kang Haqiqi ).

                                   SIFAT KANG NGORAK'AKE  

     

    3. Sifat Ma'ani : tegese Gusti Alloh sak durunge agawe langit

                                Bumi sak isine , Gusti Alloh wus Kagungan 

                                sifat MA'ANI , balane ono 7 yoiku ;

                               1. Qudrot ( kuwoso ).

                               2. Irodat ( kerso ).

                               3. Ilmu ( Ngudaneni / Ngerti  ).

                               4. Hayat ( Urip ).

                               5. Sama' ( Ngrungu ).

                               6. Bashor ( Weruh ).

                               7. Kalam ( Ngendiko ). 

    4. Sifat Ma'nawiyah :

                                Tegese Gusti Alloh sak wuse Agawe Langit

                                 Bumi sak isine , Gusti Alloh Kang kagungan

                                 sifat Ma'nawiyah balane 7  rupane ;

                                 1. kaunuhu Qodiron ( kang kerso )

                                 2. kaunuhu Muridan ( kang kerso ) 

                                 3. Kaunuhu 'aliman ( kang Ngerti ).

                                 4. kaunuhu haiyan ( kang urip )

                                 5. Kaunuhu Sami'an ( kang ngrungu ).

                                 6. kaunuhu Bashiron ( kang weruh )

                                 7. Kaunuhu Mutakaliman ( kang ngendiko ). 

     





    MOTAQOT SEKET DIBAGI 2 ( LORO )
    ================================
    ************************************ 

     

     

    1. ISTIGNA'U AKULLIMAASIWAAHU ( mlebune ) : tegese Gusti Alloh iku ora butuh 

        marang kang sak liyane Alloh , kerono semugihe Alloh.

        Bolone ono 28 ( wolu likur )  Ono WAJIBE , Ono MUHALE , Ono Wenange , yoiku

        Rupane :
                       

         WAJIB ;                                                                                

          1. WUJUD ( ono )

          2. QIDAM. ( Disik )

          3. BAQO'   ( Langgeng )

          4. MUKHOLAFATUL LILHAWADITSI. ( Bedo kelawan Anyar )

          5. QIYAMUHU BINAFSHIHI. ( Jumeneng kelawan dzate dewe )

          6. SAMA'  ( Ngrungu ).

          7. BASHOR ( weruh )

          8. KALAM ( ngendiko ).

          9. SAMI'AN ( kang ngrungu )

         10. BASHIRON  ( kang weruh )

         11. MUTAKALIMAN ( kang ngendiko ).

     

     

          MUHALE :

     

          1. ADAM ( ora ono )

          2. HUDUS ( anyar ).

          3. FANA' ( rusak ).

          4. MUMATSALATUL LILHAWADITSI ( koyok barang kang anyar ).

          5. IHTIYAJU LIGHOIRI ( manggon kelawan panggonan liyo ).

          6. SHOMAMUN ( Tuli / budhek )

          7. 'UMYUN ( wuto )

          8. BUKMUN ( bisu ).

          9. 'ASHOMA ( kang Tuli ).

        10. A'MA ( kang wuto ).

        11. ABKAMA ( kang bisu )

     

        SIFAT WENANGE GUSTI ALLOH KANG MANGGON ONO ISTIGNA' ( MLEBUNE ) ;

     

        1. GustiAlloh agawe langit bumi sak isine ora ngalaf paedahe , muhal lamun di alaf paedahe.

        2. Gusti Alloh agawe langit bumi sak isine ora duwe doyo kuwat , muhal lamun duwe doyo

            kuwat.

        3. Gusti Alloh agawe langit bumi sak isine ora duwe doyo watek , muhal lamun duwe doyo

            watek.

        4. Gusti Alloh agewe langit bumi sak isine ora duwe doyo kuat , muhal kelamun duwe doyo kuat.

        5. Gusti Alloh Agawe langit Bumi sak isine iku ANYAR , muhal kelamun  langit bumi sak isine iku Qidam.

     

     


        

          

     





    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar