Muqodimah
( pambuko
atur )
Kanthi ngaturaken puji raos syukur dumateng ngarso dalem Dzat Hyang Moho
Agung , ingkang tansah paring nugroho dumateng kito soho sak isining ngalam,
Ing mriki
ingkang nyerat gegebengan ilmu urip inggih satunggaling pangudi roso
Wonten Kaweruh Urip sonyo ruri sangkan paraning dumadi ,
hambok bilih dipun keparengaken lan kinersak’aken mbedah ingkang satuhu lebdo
lebeting gegebengan Kaweruh Kasunyataning Urip lan Kasampurnaning Urip Ingkang kapethik
saking REFERENSI
– REFERENSI TAUCIHD JAWI ingkang sak meniko sayo kependem lan nuwuhaken
benceng cuweng ing pemanggih pengertosan , lan njalari ing kawotenan soyo dadi
risaking kahanan kapribadenipun manungso ing alam sajeroning panguripan. Kathah
manungso ketawisipun urip nanging boten
ngertos uripipun , gadah mripat nanging wuto, sami madosi ingkang sanes dipun padosi,
wonten ing panguripan kados dene gabah den interi anggenipun ngupoyo mukti panguripan
ing ngalam donyo , tan Eling uripe, manungso ora weruh manungsone ( Koyo
mayit mlaku dewe ).
Pramilo
sumonggo dumateng sedoyo poro kadang ingkang sami ulah roso anggenipun lumampah angudi ilmu kasunyatan lan
kasampurnaning Urip , dipun teliti lan dipun galih kanthi penggalih wening ,
tanggap ing sasmitoning ghaib, lantip ing panggraito ,setiti ati –ati waspodo ing
wedaran – wedaran ing wingking , sampun ngantos sak mangke manggihaken klentu
ing pemanggih bilih ingkang dipun wastani Ilmu Kasunyatan Urip meniko boten
saget dipun ukur kanti ukuran ngalam donyo sahinggo yen sak mangke mboten dipun
galih kanthi wening saget ugi kandek dateng MISTIK ( mahkluk
nyembah mahkluk ), Yektosipun
ingkang kawastanan Kasunyataning urip wonten ing gegebengan Ilmu Urip meniko
mboten kasunyataning alam donyo ( Barang Anyar Katon )
lan poncodriyo ( mripat, irung,kuping,
pengroso/ilat, panggepokan ) boten
badhe saget nyumerepi kawontenan Kasunyataning urip, amargi sejatosipun ingkang dipun wastani Kasunyatan meniko inggih
Kasunyataning Dzat Kang Wajib Anane ( Ora Katon
ning ono = mripat ora weruh = ora
keno diarani = tan keno kinoyo ngopo ) ingkang
Kagungan Sifat Wajib 20, Muhal 20 lan
Wenange 1 dipun beber dados 10 wajib sak muhale , sak derenge anggelar/ nyipto
langit Bumi sak isine lan sak sampune anggelar langit Bumi sak isine sifatipun
tetep langgeng mboten kawitan lan pungkasan , mboten obah lan owah.
Wasono
mugi-mugi sedoyo poro kadang ingkang sami ulah kebatosan tansah pinaringan Cahyo
pepadang soho nugroho saking Dzat Hyang
Moho Agung , dipun dadosaken walinipun
utawi utusanipun ingkang pinilih dining
Dzat Kang Akaryo Jagat , Tan ono janmi ingkang wikan , Kesampar kesandung
Kathah janmi ingkang boten dunung, margi boten Kathah ingkang dipun pilih lan
dipun dunungaken.
N
u w u n……
Nganjuk, 15
- 12 – 2011. Kasusun dening ;
IWAN
SETIAWAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar